Assalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
Dumateng
para ‘alim ulama ingkang rinten ndalu tansah sumanding kitab suci wahyuning
ilahi.minangka panuntun kiblating panembah ingkang luhuring budi.
Bapak
saha ibu ingkang kulo cadong ilmu manfaatipun,dewan juri ingkang dahat satuhu
kinormatan para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat satuhu kinormatan.
Sedoyo
puji kagunganipun Allah,Allah kang sampun paring pinten – pinten kenikmatan
saha winantu suguhing karaharjan kawilujengan dumateng kulo,mugi kasarir
dumateng panjenengan sesami.Solawat saha salam mugia kaaturaken dumateng ngarso
dalem junjungan Nabi Agung Muhammad SAW,kanthi pangajab mugi kita pikantuk
syafaatipun.Aamin
Hadirin
ingkang kinormatan
Wondene
tema ing badhe kulo wedar “PERAN
GENERASI NU TUMUJU INDONESIA LUHUR” wondene peran generasi Muda ing zaman pembangunan sanget ageng manfaatipun ananging sedaya peran
kala wau ingkang saged nuwuhaken utawi ndamel wujuding manungsa ingkang
wetah.kita ampun kliru tumindak menawi peran generasi Muda namung tumuju ing babakan
dakwah saha sosial kemawon ananging ingkang langkung wigati mbangun dumateng
akhlak saha tumindak ingkang luhur. Sedaya peran ingkang dipun jejeri
akhlakul karimah insya Allah bade mujudaken ing kemaslahatan umat. Dospundi
anggen kita ngadepi saha ngayahi peran punika? Tentu kito saged milah pundi ingkang
sae lan pundi ingkang awon.
Para
muda mudi ingkang kula tresnani
Sumangga
kita cancut tali wanda,dados pemuda ingkang tansah nyengkuyung dating peranipun
pembangunan jasmani tuwin rohani amprih pikantuk rindlaning illahi. Dados pemuda kedah saged
nedahaken peran saha purun ndamel conto ingkang sae tumuju wibawaning bangsa
lan agama.Ampn kliru tumindak mung sagetipun adigang adigung adiguna.
Kang
prayogi tedahaken peran pemuda piyambak mboten nedahaken bapakku iku pangkat.
Sedaya
tumindak kang becik insya Allah bade ngunduh kang becik kados ing pepetah “Lir aji Godong Jati Aking” bilih kanthi
peran kang becik saged anjampangi gesang titah wonten bebrayan agung, ngengeti bilih “Simo pejah anilaraken belang,gajah pejah
anilaraken gading dene jalmo maungsa praloyo anilaraken asmo ingkang arum”, awit kagungan peran ingkang murakapi
kuncaraning bebrayan. Kados para sarjono sinaoso sampun matahun – tahun seda, ananging asmanipun tetep
moncer wonten saantero jagad.
Mila
sumonggo nderek andadosi akhlak bangsa kita, menawi wonten siaran TV
lan ala warta sanesipun kit angelus dada kanthi nyebut “Masya Allah” Korupsi, pembunuhan, pornografi
lan sanes – sanesipn sakpunika sampun dumugi titik ‘Nadhr’ parah.Kita mboten
naming saged mirsani kawontenan risak puniko ananging kedah saged nyegah, lan puniko mboten
tugasipun para kyai lan punggawaning negari, anangig kula lan
panjenengan terutami para kawulo muda sinaoso taseh anem, kados pengendikane para
sarjono “SYUBANUL YAUM RIJALUL GHOD” generasi muda sak puniko minongko peneruse
generasi sak lajengipun.
Hadirin
inkang kinormatan
Sinaoso
samangke kita tasih wonten papan pasinaon,berjuang kangge kemajuaning negari
mboten saged dipun tunda “HUBBUL WATHON
MIAL IMAN” remen negari puniko peranganipun iman.
Sak
lajengipun sumonggo kanthi nyadong dedongo mugio negari kita aman, tentrem, gemah ripah loh jinawi
“BALDATUN TOYYIBATUN WARABBUN GHOFUR” Aaamin.
Klopo
duduhe santen kupat janure tuwa, cekap semanten sedaya kekirangan
nuwun pangapura
Wassalamualaikum Warohmatullahi Wabarokatuh