Selamat Datang Di Tarojjumah.Com - Selamat Datang Di Tarojjumah.Com - Selamat Datang Di Tarojjumah.Com

Minggu, 19 Mei 2013

Teks Pidato Bahasa Jawa (PERAN GENERASI MUDA TUMUJU INDONESIA INGKANG LUHUR)



الٌسلام عليكم ورحمة الله وبركاته
ان الحمد لله والصلاة ولسلام على رسول لله
وقال الله تعلى: واعتصموا بحبل الله جميعا ولا تفرقوا (الاية، اما بعد)

Dumateng para ‘alim ulama ingkang rinten ndalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi.minangka panuntun kiblating panembah ingkang luhuring budi.
Bapak saha ibu ingkang kulo cadong ilmu manfaatipun,dewan juri ingkang dahat satuhu kinormatan para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat satuhu kinormatan.
Sedoyo puji kagunganipun Allah,Allah kang sampun paring pinten – pinten kenikmatan saha winantu suguhing karaharjan kawilujengan dumateng kulo,mugi kasarir dumateng panjenengan sesami.Solawat saha salam mugia kaaturaken dumateng ngarso dalem junjungan Nabi Agung Muhammad SAW,kanthi pangajab mugi kita pikantuk syafaatipun.Aamin
Hadirin ingkang kinormatan
Wondene tema ing badhe kulo wedar “PERAN GENERASI MUDA TUMUJU INDONESIA INGKANG LUHUR” wondene peran generasi NU ing zaman pembangunan sanget ageng manfaatipun ananging sedaya peran kala wau ingkang saged nuwuhaken utawi ndamel wujuding manungsa ingkang wetah.kita ampun kliru tumindak menawi peran generasi NU namung tumuju ing babakan dakwah saha sosial kemawon ananging ingkang angkung wigati mbangun dumateng akhlak saha tumindak ingkang luhur.Sedaya peran ingkang dipun jejeri akhlakul karimah insya Allah bade mujudaken ing kemaslahatan umat.Dospundi anggen kita ngadepi saha ngayahi peran punika? Tentu kito saged milah pundi ingkang sae lan pundi ingkang awon.
Para muda mudi ingkang kula tresnani
Sumangga kita cancut tali wanda,dados pemuda ingkang tansah nyengkuyung dateng peranipun pembangunan jasmani tuwin rohani amprih pikantuk rindlaning illahi.Dados pemuda kedah saged nedahaken peran saha purun ndamel conto ingkang sae tumuju wibawaning bangsa lan agama.Ampn kliru tumindak mung sagetipun adigang adigung adiguna. Kang prayogi tedahaken peran pemuda piyambak mboten nedahaken bapakku iku pangkat.
Sedaya tumindak kang becik insya Allah bade ngunduh kang becik kados ing pepetah “Lir aji Godong Jati Aking” bilih kanthi peran kang becik saged anjampangi gesang titah wonten bebrayan agung,ngengeti bilih “Simo pejah anilaraken belang,gajah pejah anilaraken gading dene jalmo maungsa praloyo anilaraken asmo ingkang arum”,awit kagungan peran ingkang murakapi kuncaraning bebrayan.Kados para Pahlawan sinaoso sampun mataun – taun seda,ananging asmanipun tetep moncer wonten saantero jagad.Kados dene Budi Utomo,Pangeran Diponegoro lan sak panuggalipun.
Mila sumonggo nderek andadosi akhlak bangsa kita,menawi wonten siaran TV lan kala warta sanesipun kita angelus dada kanthi nyebut  “Masya Allah” Korupsi, pembunuhan, pornografi lan sanes – sanesipn sakpunika sampun dumugi titik ‘Nadhr’ parah.Kita mboten naming saged mirsani kawontenan risak puniko ananging kedah saged nyegah,lan puniko mboten tugasipun para kyai lan punggawaning negari,anangig kula lan panjenengan terutami para kawulo muda sinaoso taseh anem,kados pengendikane para sarjono “SYUBANUL YAUM RIJALUL GHOD” generasi muda sak puniko minongko peneruse generasi sak lajengipun.
Hadirin Rokhimakumullah
            Kanthi jejering kawulaning gusti Allah ingkang sampun kasinungan sedoyo peparingipun ingkang arupi sih kawelasaning Gusti,mboten supe muji syukur amprihlestantunipun budi luhur,bebasan “Suno Diro Joyoningrat Lebur dening Pangestuti” awit kasinungan akhlak ingkang luhur saget andadosaken ajining harkat lan martabat wonten ngarsanipun Allah lan kawulanipun,ndonyo dumugining akherat.
Ananging sedoyo jongko kedah kejangkah,sedoyo jerbasuki mowobea,semanten ugi tumapaking  akhlak kedah katumbas kanthi laku lampah.Bebasan ora mundur sepecak sinaoso manggihi reredoning sedyo mulyo,ingkang sakmangke  kathah angredo poro kadang anem.
Kito bade pikantuk kamulyan kedah anggadahi gumbrigahing manah ingkang sawiji,greget lan mboten mingkuh,ampun ngantos kenging pangkredone syetan.cobi gatosaken ing zaman sak puniko,pamitipun ngudi ilmu ananging kathah kang nuruti nafsu.lajeng dospundi kawontenan zaman kolo mangke!
Hadirin ingkang kinurmatan
Sinaoso samangke kita tasih wonten papan pasinaon,berjuang kangge kemajuaning negari mboten saged dipun tunda  “HUBBUL WATHON MIAL IMAN” remen negari puniko peranganipun iman.
Sak lajengipun sumonggo kathi nyadong dedongo mugio negari kita aman,tentrem,gemah ripah loh jinawi “BALDATUN TOYYIBATUN WARABBUN GHOFUR” Aaamin.
Klopo duduhe santen kupat janure tuwa,cekap semanten sedaya kekirangan nuwun pangapura.

والله الموافق الى اقوام الطريق والٌسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Terima kasih telah berkunjung di blog kami.. Semoga bermanfaat!!