Selamat Datang Di Tarojjumah.Com - Selamat Datang Di Tarojjumah.Com - Selamat Datang Di Tarojjumah.Com

Senin, 06 Mei 2013

Pidato Bahasa Jawa (Peranan Generasi Muda wonten ing Pembangunan Nasional)



Peranan Generasi Muda wonten ing Pembangunan Nasional
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
اشهد ان لا اله الا الله واشهد ان محمد عبده ورسرله
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى فَضَّلَ بَنِيْ أَدَمَ بِا لْعِلْمِ وَالْعَمَلِ.
الصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى مُحَمَّدٍ عَلَى كُلِّ حَالٍ.
وَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَا بِهِ اَصْحَابِ الْكَرَامَةِ وَالْكَمَلْ أمّا بعد

Minangka pambukaning atur, mangga kita sedaya memuji raos syukur dhateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala ingkang sampun paring pinten – pinten rahmat lan nikmat kagem kula lan panjenengan sedaya, sahingga kita saged sami rawuh wonten ing majlis punika leres – leres golek ngilmu, ingkang ilmu punika saged kagem sangu ngadhep dhateng Allah Kang Maha Kuaos.
Shalawat salam mugia katur dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Shallallahu Alaihi Wa Sallam minangka uswatun khasanah tumrap kita sedaya manungsa.
Para rawuh ingkang kula hormati,
Minangka pangajak kula, mangga enjing punika, kula lan panjenengan sami niat ngaos, niat madosi lan nambah ilmu, niat ngibadah dhateng Allah Subhanahu Wa Ta’ala.
Wonten kesempatan punika, kula badhe ngaturaken sekedhik babagan Peranan Generasi Muda wonten ing Pembangunan Nasional.
Pembangunan nasional inggih punika usaha ningkataken kualitas menungsa lan masyarakat Indonesia kagem ndhukung kemajuan IPTEK lan nderek nggegayuh wonten tantangan pembangunan global. Tujuan pembangunan nasional punika ningkataken kesejahteraanipun sedaya rakyat Indonesia. Sedaya WNI kedah nderek nggegayuh pembangunan sesuai pedamelan lan kesagedan piyambak – piyambak.
Sumber daya menungsa dados salah satunggaling pendukung pokok pembangunan nasional, lan kedah dipun milai wiwit lahir ngantos dhiwasa kanthi mbangun piyambakipin dados warga Negara ingkang sae.
Para rawuh sedaya ingkang kula hormati,
Sakniki kita gesang wonten Negara merdeka. Mboten wonten perang nglawan penjajah. Ananging, mboten berarti kita mandheg anggenipun berjuang. Kita saged nggegayuh wonten pembangunan kanthi ndherek program wajib belajar, mbayar pajak, lan sapanunggalipun. minangka pelajar, Kita ugi kedah njaga semangat perjuangan kagem mbangun Negara kita, ing anttawisipun :
  1. Nderek partisipasi kanthi sinau kang sregep kanggone dipun leksanakaken dhateng masyarakat ing zaman ingkang badhe dhateng.
  2. Dados sumber inspirasi kagem lingkungan masyarakat lan sekolah.
  3. Ngulinakake disiplin saking awake piyambak.
Sinau kanthi ajeg dados salah satunggalipun perkawis ingkang wigati kagem mbangun Negara. Kepripun kita saged njagi agama kita menawi kita mboten saged njagi Negara kita. Pramila kita kedah seimbang antarane dunya lan akhirat, inggih punika kanthi nyeimbangke IPTEK ingkang sampun kita gadhahi wau kaliyan iman lan taqwa. Keranten, ingkang kados  punika dados modal utama kagem ngawujudake harapan kita mbangun Negara ingkang langkung sae.
بَلْدَةٌ طَيِّبَةٌ وَ رَبٌّ غَفُوْرٌ –
Negara ingkang sae lan dipun rahmati kaliyan Allah. 
Dados kita saged gesang kanthi seimbang, kadosta ingkang sampun dipun ngendikakaken dening Allah wonten QS Al Qashash ayat 77 :
”Peparining Allah kasugihan dhateng penjenengan punika prayoginipun penjengenan angge ngangkah kabegjan ing akherat (sarana kadamel mitulung tiyang ingkang sami kemlaratan), nanging inggih sampun ngantos kesupen dhateng kabetahan panjenengan piyambak ing dunya sacekapipun. Panjenengan nyaenana para kawulanipun Allah, kados denen anggenipun Allah nyaeni dhateng panjenengan, lan sampun remen damel kerisakan, duraka wonten ing bumi. Awit Allah mboten remen dhateng tiyang ingkang sami damel kerisakan”.
Pramila, monggo kita sinau ingkang sregep, kanthi maos lan maos.
Ampun kesed, dadoso tiang ingkang sukses ing sedaya kegiatan.
Mboten wonten dinten tanpa maos lan sinau.
Nggih, KITA MAMPU, KITA SAGED.
Tetep berjuang kagem Negara kita, kagem wekdal ingkang badhe dhateng, ingkang langkung sae. Ampun ngantos bosen sakderengipun berhasil, mugi – mugi Allah enggalo paring kasembadan dhateng usaha lan perjuangan kita, sahinggo tercapai cita – cita Negara kita.
Kintenipun cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, kabecikan asalipun saking Allah, lan nyuwun pangapunten mbok bilih wonten klenta – klentu atur kula ingkang kirang pas wonten manahipun panjenengan sami anggenipun kula ngaturaken pidato menika.
Mugio Allah tetep maringi barakah kagem kita sedaya.
Akhirul kalam,,,

ثُمَّ السلا م عليكم ورحمة الله وبركاته

Tidak ada komentar:

Terima kasih telah berkunjung di blog kami.. Semoga bermanfaat!!